RSS

Puisi Jawa ( geguritan )

Tresnaku
dening : Nur Pradeka




Tresnaku,..
Tresna iku kanugrahan
Saka gusti kang maha asih
Kanggo mitra ireng putih uripe manungsa


Rasa tresna iki
Dak gantung ana ing sliramu
Sliramu sing marai atiku ngelu

Saben dina tresnamu dak tunggu
Nyawang sliramu teka ing tresnaku
Pepenginku iki wis tansah sumandhing
Yen sliramu mesti teka ing atiku

Ya,...aku sabar nunggu tekane tresnamu ing atiku
Aku sing tresna marang sliramu
Mung bisa nyawang lan nulis apa sing ana ing jero atiku
Layang tresna biru iki suara atiku kanggo sliramu
Sliramu sing isih dadi impenku

Saben detik,..menit,..jam,..
Sliramu musti mlaku ing katresnaanku
Aku sumeleh
Nyelehake pangarep-arepku
Marang katresnanmu sing semu

Nanging sajroning ati iki,..
Isih agung pangayun ayunku
Yen sliramu kang bakal dadi mitra uripku

Lan bisa bebarengan kebak rasa tresna

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar